Sabtu, 09 Juni 2012

CERKAK MINGGU IKI...DAB!


ADUH, WIDADARI NDOMBLEH


Rikala esuk katon ngaluk-aluk, swaraning gendhing mikrolet kuning katon nabuh gregeting atiku. Aku Danang Sabaryanto, sing jarene dikarepake duweni sabar kang linuwih, nyatane ora bisa sabar maneh. Arep mangkat lamaran kerja ya ana wae alangane. Si Jambul ora bisa diajak rembugan babagan urgently kaya mangkene. Iya pancen motor tuwa, panjaluke dieman dialem kaya manungsa wae.
“ Jan, lah dalah jambul, jambul. Kowe kok ora mesakake aku to?” sulayaku ing panggalih.
            Jan, greget banget aku iki. Suwene anggonku ngenteni bus tuyul marahi emosi. Tambah mangkel meneh, Sopire kaya arep ngajak senggel, amarga anggone nyopiri  ngepot rene ngepot rana. Klambiku sing wangi parfum import, mambune dadi kaya mambu simbok-simbok bakul Pasar Kranggan, apek.
            “Ciiiittt.......Glodak Jedug,”mustakaku kang disekolahake Ibuku jedug kaca jendela bus.
            “Ngajak senggel tenan ki yo Pak,” batinku mangkel.
            Durung sido metu pocapan pitakonku marang Pak Sopir, dumadakan ana wong wadon ayu munggah bus lungguh ing sandhingku persis. Duh, rasane kaya digawa mabur karo widadari, mangkele atiku sanalika dadi mari. Aku banjur mung bisa mesam-mesem ngampet ndomblene atiku marang pasuryaning widadari kang dikirim Gusti Allah marang awakku.
            Mripatku ora bisa mandheg nyawang wong wadon kuwi. Jan, rasane ambune kringet pak sopir ing kursi ngarep iku dadi kaya ambu kembang ing taman kang sumerbak kaya bungahing atiku iki yen nyawang wong ayu ing sandhingku. Pikiranku saiki dadi miring ora genah. Mbuh kepriye iki atiku kok dadi dag-dig-dug, apa iki kang diarani “ falling in love in first viewing” ?”
            “Duh  Gusti,... ayune kaya Nikita Willy, marahi donya katon luwih endah.” Pamujiku ing sajeroning atiku.
            Anggonku nyawang jebul enthuk respon saka wong wadon ayu iku, dheweke mesem manis marang awakku. Der, atiku dadi ledeng kena cumloroting eseman widadari. Pikirku, kadadean kaya ngene ora bisa disiya-siyaake. Aku nyoba kendel ngajak omong-omongan  widadariku iku.
            “ Mbak, ajeng  tindak pundi?”  Pitakonku nyoba nyeraki wong wadon ing sandhingku.
            “ Mmm, ajeng tindak kuliah Mas.” Semaure alus lan sumeh marang aku.
            “ Lho, kuliah wonten pundi Mbak?”
“ Kuliah wonten UGM Mas.” Kandhane sinambi mesem maneh marang awakku.
“ Jurusan menapa Mbak? “ Pitakonku penasaran.
“ Jurusan kedokteran umum mas. Lha, Mas niki badhe tindak pundi?
            “ Kula ajeng wawancara kerja niki Mbak, nanging kok wau motore macet ing dalan, kula lajeng numpak bus.” Swaraku katon melas, dak gawe supaya wong wadon iku duwe empati karo aku.
            Aku lan wong wadon iku banjur omong-omongan ing sapiturute dalan kang dilewati bus tuyul kang dak tumpaki. Aku uwis takon jeneng lan alamat omahe. Jenenge Shinta Fitriani, asale saka Jombang Jawa Timur. Shinta ing Yogyakarta ngekos ing daerah Jombor. Shinta iku jare anak mbarep. Bapak Ibune nyambut gawe dadi PNS ing Jombang. Dheweke uwis urip ing Yogya telung taun.
            Anggonku ngobrol marang Shinta tan sya akrab. Aku dadi lali yen tujuwanku esuk kuwi arep menyang wawancara. Lha kepriye maneh, pikiranku embuh kenapa isine mung bab Shanti wae. Aku uwis kebacut kepincut marang prawan Jombang iku. Ayune kang ora udubilah saha pekertine kang alus, anggawa aku ing endahing trisna.
            “ Mmm, Mbak Shinta kok tindak piyambak mboten kaliyan pacare?” Pitakonku marang Shinta nalika bus tuyul mandheg ing salah sawijining bangjo.
            “Aduh Mas, kula dereng gadhah , samenika kula taksih single .” Semaure sambi isin-isin.
            “Wah, nggih cocok menika Mbak.” Aku mulai ngrayu Shinta.
            “Cocok menapa nggih mas?”
            “Inggih sami single-e Mbak, hehehehe...” Anggone aku ngrayu sambi isin-isin.
            “Halah, Mas panjenengan lak bagus, enom, uga sumeh. Sinten ta sing mboten purun?” Piwalese Shinta blak-blakan.
            “Lha dereng wonten sing purun e, Mbak purun kalih kula napa?” Rayuan mautku anggodha Shinta.
            “Pripun nggih mas....”
            Durung rampung ngomong, tangane Shinta nyekel pundakku, waduh mikrolete sepi maneh. Kepriye ya, dosa ora ya yen aku meneng wae.
            “Ppppeetttt...” Aku ora sadar, dumadakan kabeh katon peteng ndhedhet.
            “Aduh...” swaraku keprungu lirih.
            Awakku lemes banget kaya lebar ngombe pil koplo. Sayup-sayup aku krungu swara bapak-bapak nyelukake aku.
            “ Mas...Mas...Sadar Mas!” keprungu swara bapak-bapak nggugah.
            Mripatku melek sanajan abot banget nganggo dimelekake. Aku mung bisa meneng wae nalika weruh kang ing sandingku dudu Shinta maneh. Aku bingung tas lan dompetku ora ana. Widadari ilang, aku ndombleh.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar