Sabtu, 09 Juni 2012

CERKAK MINGGU IKI...DAB!


TUUUT...@#*

            Mega katon gumebyar abang ing sisih wetan, bagaskara tansah isin-isin dhelik ing samburine mega kang makempal ana ing langit. Swaraning manuk gereja tansah nambah endahing rikala iku. Bayu katon gagah nganggo setelan jas ireng karo pecis bludru gawean Bandung. Praupane uwis kaya Dude Herlino pemain sinetron saiki, utawa kaya lee min hoo artis saka nagari gingseng, ananging ya ora sebagus artis asline. Tanggal sewelas januari rong ewu rolas si Bayu teteg manteb ngijabi Rani Kusumawati anake Pak Tumidjo Dukuh Desa Bowonan.
            Ubarampe kang wujude rame-rame iku uwis tinata ana ing sajabaning omah. Sound system uga uwis dipasang ing sakiwa tengene panggung resepsi. Pemuda-pemudine nembe sibuk nata kursi lan dekorasi panggung.
            Sawetara kuwi manten wadone uga nembe dipacak gaya Paes Ngayogyakarta karo tukang make-up desa sebelah, mince jenenge. Manten wadone dadi katon ayu kaya widadari.
            si Bayu wektu iku lagi  lungguh ana ing kamar make-up sawijining kang dienggo Rani. Dheweke lungguh karo calon maratuwane sing lanang, Pak Tumidjo.
            “E le, aku melu seneng ya kowe arep dadi mantuku.”kandhane Pak Tumidjo marang Bayu.
            “Inggih Pak, nyuwun pangestunipun.”
            “Nanging aja kok siya-siyaake anakku sesuk ya le. Kowe kudu gelem nyanggupi janjimu karo aku. Yen aku ngerti pisan wae kowe ora temenan karo anakku Rani, anakku bakal dak gawa mulih, langsung dak kon pegat. Ngerti kowe le.” Kumise Pak Dalijo katon munggah mudhun kaya melu ngelingake Bayu.
            “Ing..Inggih Pak kula janji.” Saure Bayu sinambi ndhredheg
            Pancen kabar kang sumebar ing Desa rada ora penak, jarene Pak Dalijo kurang mangestuni anake Rina yen nikah marang Bayu kang mung dodol bubur kacang ijo ing pasar. Untunga wae ibune Rani wicaksana priyayine, ora gengsi lan ora nganggep ala pagaweane Bayu, sing penting halal. Apa maneh Bayu wonge shaleh lan ora neka-neka.
            Sametune Calon maratuwane mau Bayu dadi ndhredheg, yen dibasaake nganggo basane “Afgan” dadi “Bukan Ndredheg Biyasa”. Dheweke dadi wedi, wedhake luntur, kringete ndrojos saka tangan lan bathuke. Kaya-kaya dheweke arep mlayu saka panggonane sing saiki, ananging dheweke uwis kebacut tresna karo Rani. Bayu banjur jupuk BB-ne sms marang Bebeb Rina  idaman atine. Bayu banjur nulis:
            “Beb, kowe tenanan sayang ta marang aku,?” Pitakone Bayu .
            “Drrrrrrreeeddddddgg....Dredddgggh” Swara sms mlebu.
            Rani banjur mbales, “ iya, aku sayyyang banget marang Bebeb Bayu. Aku seneng banget bisa nikah karo Bebeb.”
            “Alhamdulillah Beb, aku uga trisna banget marang kowe. Sedhilit maneh bakal dak kecup keningmu tanpa membatalkan wudhlu-mu. Doake Bebeb ya. ^_^.”
            “Iya Beb, dak tunggu keimamanmu di sisa hidupku.” Piwalese Rani marang Bayu.
            Maca ukara keimaman, Bayu dadi drop maneh. Dheweke malah tan saya wedi yen sesuke ora bisa dadi imam kang becik marang Rani. Anggone Bayu mikir tansaya jero. Tik tak tik tuk swaraning jam dinding ing sangarepe Bayu nambah swasana “tegang”. Saking tegange, wetenge Bayu saiki kaya ditabuh, mules.
            “Aduh kepriye iki wetengku kok dadi cenat-cenut?” Batine Bayu sinambi ngelus-elus wetenge.
            Nembe ngelus-elus wetenge, Bayu sanalika kaget wektu lawang kamar dibukak Pakdhe Surat.
            “Yu, ayo penghulune uwis teka kae, lek ndang siyap-siyap.” Pakdhe Surat kandha marang Bayu sinambi ngawe-awe ngajak metu.
            “Anu Pakdhe, kula kok dadi ndhredheg nggih?
            “Kena apa kowe le?” Pakdhe Surat semaur sinambi mlaku nyedhaki Bayu kang lungguh ing sangarepe meja rias.
            “Kula ajrih menawi kula mboten saged dadi imam kang becik De.” Wangsulane Bayu.
            “Uwis ndhredheg kuwi biyasa. Pakdhe mbiyen uga ndhredheg nalika arep ijab marang Budhemu. Ayo, lek ndang metu. Ora penak uwis ditunggu penghulu lan para tamu. Ayo!” pangajake Pakdhe Surat marang Bayu.
            Bayu gelem ora gelem saiki kudu siyap. Dheweke  banjur metu saka kamar pacak manten sinambi neteging atine supaya ora grogi nalika ijab. Anggone Bayu mlaku digagah-gagahake, ora lali sambi mesem sithik.
            Bayu saiki uwis lungguh ana ing sangarepe penghulu, sandhingan karo manten wedoke. Ayat suci Al- Qur’an uwis diwacaake. Para tamu uwis khitmad lungguh nyekseni ijabe Bayu. Nanging dumadakan ana sing aneh saka Bayu. Awake kloget-kloget kaya wong wudunen, lungguhe ora anteng.
            “ Aduhh...wetengku...” Batine Bayu sambatan ing penggalih.
            Penghulune banjur takon, “ Pripun Mas, sampun siyap?”
            “Si...siyap Pak” Bayu semaur rada gagap
            Pak Tumidjo lan Bayu banjur salaman sinambi ngomong ijab,” sya nikahkan anak saya Rani Kusumawati dengan Bayu Nugroho, dengan mas kawin seperangkat alat sholat dibayar tunai.”
            “Saya terima nikah dan kawinnya Rani Kusumawati binti Tumidjo dengan mas kawin tersebut dibayar Tuuuuuuuttttt....”
            Dumadakan suwasanae dadi geger. Para tamu padha mesem, juru fotone pada ndomble. Bayu mung bisa ndhingkluk weruh kumise Pak Tumidjo munggah mudhun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar