“DOORR...!”
Uwis telung taun anggone Jumi
ngenteni Paijo dedemenane ing Solo.
Saben dina Jumi ora bosen-bosen ngirim sms utawa nembok facebooke Mas Paijo.
Isine saben dina padha wae, intine si Jumi kangen marang demenane iku.
Jumi pancen trisna banget marang Paijo,
kaya-kaya urip matine Jumi amung kanggo Kangmase iku. Uwis tau Jumi ngangsi
ambelani nrabas udan bledhek amung nganggo tuku pulsa supaya bisa
telpon-telponan marang Mas Paijo. Mula Bu Wagirah rada kurang sarujuk yen Jumi
bakal rabi karo Paijo ing tembe mburine.
Esuk kuwi si Jumi nembe nyapu ratan
omahe, lirih keprungu suara ringtone HP lagu Campursarine Didi Kempot saka
sajeroning kamar. Ora pikir maneh, Jumi banjur mlayu jranthal kaya dioyak
maling tumuju ing kamare. Rupane bungah banget kaya lebar entuk lotre gedhe.
Lambene komat-kamit maca sms sing mertamu ing Hpne iku. Sawetara iku si Jumi
mesam-mesem ora bisa mandheg, mripate katon sumunar kena Cumloroting sunar kang
asale ora ngerti saka ngendi. Si Jumi kaya lagi kena sawan, ora bisa kedhep lan
lambene ora bisa mingkem.
Ora salah yen Jumi sanalika kaya
dadi wong kena sawan, amargane si Jumi entuk sms saka Mas Paijo isine Jumi
diakon mara ing Yogya supaya bisa diajak
dolan bareng karo Kangmas tersayang.
“Ing Stasiun Balapan, kutha Solo sing dadi
kenangan. Kowe karo aku......nalika.....”
Ringtone
Hpne Jumi muni.
“Halo Mas Paijo!” Swarane Jumi
ngangkat telpon saka Paijo.
“Dek Jumi, uwis maca sms saka
sliraku durung? Pitakone Paijo.
“Uwis Mas. Kok kadingaren sliramu
jaluk aku mara ing Yogya? Biasane disms wae jarang mbales.” Pitakone Jumi manja.
“Mergane wingi Masmu iki lagi sibuk
to ya. Golek dhuwit nganggo wragad rabi karo kowe sesuk.”
“Ah Mas Paijo iki isa wae. Lha
kepriye anggonku mara ing Yogya Mas? Aku ora apal dalane.” Wangsulane Jumi.
“Wis ora usah kuwatir Dek Jum, sesuk
esuk kowe dak pethuk ning omahmu. Kowe sing penting siyap ning omah wae Dek.”
“ Yo Mas, Jum tunggu. Mmmuaachh.”
Swarane Jumi nutup telpon sinambi nempelke salam sayang ing Hpne.
Si Jumi ora sadar yen ketmau Ibune
ngematake Jumi telponan marang Paijo, langsug wae Ibune muntab krungu anak
prawane arep diajak dolan ning Yogya karo Paijo. Bu Wagirah muring-muring arang
Jumi kang wus kaedanan Jaka saka wetan desa Kandangsapi iku. Ananging jenenge
bocah wus kaedanan tresna ya ora kodal marang omongane ibune dhewe. Ing
pikirane Jum amung ana Mas Paijo wae, ora ngrus babagan liyane..
Esuk-esuk rikala srengenge isin-isin
nyembul saka waliking jagad, Paijo uwis tekan ing omahe Jum. Lampu ngarep isih
katon urip, sunare katon cumlorot ing sakebaking suket-suket ing pinggir dalan.
Paijo banjur telpon Jum supaya siyap-siyap menyang Yogya.
“Halo Jum, aku uwis tekan. Kowe
cepeta siyap-siyap ya Dek. Dak tunggu ning ngarep omahmu.” Ujare Paijo marang
widadarine kang wales semaur alus ing telpon.
Saka jaba omah katon wong wadon
manis nganggo klambi bathik coklat mbukak lawang sinambi nenteng tas abang ing
tangan kiwane. Paijo kang wus ngenteni ketmau banjur menyat marani widadarine
iku. Jumi lan Paijo banjur menyang stasiun Jebres numpak sepur prameks tumuju
ing Stasiun Tugu Yogya.
Sawetara iku, Bu Wagirah nembe duka
banget marang anake Jum. Kepriye ora nesu, anak prawan siji-sijine lunga
menyang Yogya karo Paijo Bujang Lapuk wetan desane. Jenenge wong tuwa mesthi
kuwatir yen anake lunga marang wong lanang kang durung dadi muhrime, apa maneh
lungane lunga adoh. Bu Wagirah bingung arep nelpon Jumi ora bisa-bisa, Hpne Jum
kayane sengaja dipateni.
Ing sepur si Jum karo Paijo lungguh
bareng, loro-lorone katon padha sawang sinawang. Jum kang wus kangen banget iku
lungguh lendhetan cerak raja ing atine, Mas Paijo. Donya ing wektu iku katon
kaya duweke wong loro. Swaraning sepur kang keprungu kaya-kaya nggameli swasana
romantis iku. Ramening sepur Prameks rikala iku uwis ora digubris
Jumi karo Paijo, wong loro mau nembe kaedanan tresna.
“Tuluuung....tuluuug...!” Wong
lanang katon kaweden.
Dumadakan saisi gerbong sepur padha
kaget njingkrang. Wong-wong padha ndelokake wong lanang kang njaluk tulung mau.
Wong lanang kang njerit jaluk tulung iku nudingi kardus ing pojokan gerbong.
Kayane ana barang kang mbebayani.
Jumi karo Paijo uga melu tangi saka
swasana romantise. Wong loro iku
padha sawang sinawang kaweden. Kabeh saisi gerbong padha wedi lan was-was.
“Tulung...ana bom!” Swarane wong
lanang mau marahi geger sagerbong.
Krungu pocapane wong lanang mau si
Jumi karo Paijo dadi kocar-kacir atine, gemrobyos pikire. Jumi sanalika dadi
elingan tindak tanduke marang ibune saka wingi. Dheweke nyesel ora ngrungokake
pituture ibune supaya ora mangkat ning Yogya. Pikire yen pancen tenan ana bom,
dheweke mesthi ora bisa slamet. Ora bisa bali lan njaluk pangapura marang
ibune.
Jum banjur njikuk barang saka
sajeroning tase. Sinambi ndredhek, tangane Jum nyoba ngrogoh Hpne. Jum arep
nelpon ibune jaluk pangapura dhisik sadurunge bom kang ning gerbong njebluk.
Ananging Jum pancen nembe ora mujur, Hpne jebul mati entek batereine. Jum
banjur amung bisa nangis pasrah sinambi njerit-njerit ngundang ibune.
Paijo uga tansaya bingung, dheweke
ora bisa polah maneh. Paijo nyesel kena apa dheweke kudu ngajak lunga Jumi dina
iki. Paijo mikir kudune dheweke nampa lamaran anak juragane ing Yogya wae,
mesthi dina iki dheweke ora bakal numpak sepur lan ngalami kahanan kaya ngene
iki. Ananging piye maneh, ati lan pikire uwis cumanthel ing saliraning Jumi
kembang desa Kandangsapi. Paijo dadi rumangsa salah marang Bu Wagirah kang ora
ngrestuni dheweke pacaran marang putrane.
“Ma..mas Paijo piye iki?” Kandhane
Jumi ndhredheg.
“Jum, aku ya bingung. Ngapurani aku
ya Jum, kudune aku ora ngajak kowe melu aku ning Yogya.” Semaure Paijo nyesel.
“Iki ya salahku Mas, ora nggugu
Ibuku.” Swarane Jumi sinambi sesenggukan.
Kahanan ing sajeroning sepur tansaya
ora karuan. Wong-wong padha pating jerit lan mlayu pindhah gerbong. Sanalika,
wong-wong ing gerbong liyane uga melu kaweden. Sawetara iku, wong lanang mau
isih wae njerit ngomong ana bom.
“Ana bom...ana bom...ana bom!
Tuluung!”
Ana petugas sepur kang mara saka
sajejering gerbong kang ditumpaki Paijo lan Jumi. Petugase iku langsung mlaku
alon-alon tumuju kardus kang ditudingi wong lanang mau. Ananging nalika petugas
uwis ing cerak kardus, wong lanang mau malah mlayu mlumpat ing jaba gerbong.
Dumadakan wong-wong padha tambah kaget marang polahe wong lanang mau. Wong
lanang mau ora bisa katulungan, awake wus kebacut ngambung rel sepur.
Kanthi ati-ati, petugas mau mbukak
kardus kang isi bom. Alon anggone petugas sepur mbukak kardus, wong-wong ing
sepur dadi melu ndhredhek.
“Krreeetteeeekkk.....!” Swara kardus
dibukak
Petugas sepur katon kaget weruh
isining kardus. Bathuke mengkerut, mripate mbelolok. Sirahe petugas katon
gedheg-gedheg pratanda ora precaya.
“Piye mas, ana bom tenan?” Salah
sawijining wong takon marang petugas sepur.
Petugas sepur mau malah meneng wae.
Tutuke mecucu saiki.
“Niki...”wangsulane petugas.
Wong ing sajeroning sepur banjur
nyerak ngrubungi kardus mau. Ana apa sejjatine ing sajeroning kardus mau. Kena
apa wong lanang mau ngangsi mlumpat saka sepur. Pikire Jumi karo Paijo tambah
suntrut saiki.
Atine Paijo saiki uwis luwih dhisik
njebluk. Dor dor dor. Awake Paijo lemes ndhredhek. Mripate Jum uwis ora bisa
ngetokake uluh maneh, amarga nangisi pituture ibune.
mantap!
BalasHapus