Teruslah berlari menjalani jalan yang berat ini...
Jangan kau berhenti,,
Sebab berhenti adalah tanda dirimu menyerah...
Teruslah berlari menuju cita-citamu..
Walaupun entah berapa lama waktu yang akan kau butuhkan untuk sampai pada cita-citamu...tetaplah berlari..atau kau boleh berjalan..
Tetaplah bergerak maju....
Karena waktu bukan jadi ukuran keberhasilan...
Jika kau setia melangkah dengan kesungguhan hati...
Niscaya kau akan sampai pada tujuanmu....
Jumat, 15 Juni 2012
Kamis, 14 Juni 2012
Nyayian Alam Surgawi
Diam-diam mata ini tak berkedip
Suara tiada dapat berdecak berdesah
Hanya terdengar hempasan angin menjamu
Dan burung-burung kecil bersahutan
Alam-Mu sedang memburuku
Memburu kekaguman atas pesona-Mu
Menawanku dengan bujuk gores keindahan-Mu
Menawar keluku berdesah Subhanallah
Sementara itu semut-semut nakal tengah bersembunyi
Dari musuh-musuh yang yang mengintai mereka
Semut-semut nakal saling membantu
Berbaris mesra membuat koloni pertahanan dalam benteng-benteng semut
Nyayian alam-Mu kembali datang
Kini muncul dari balik surgawi
Ketika matahari mulai menyapa
Menyambung tangan bagaskara yang sergap hangat
Entah apa yang salah dari surga ini
Sebagian gaungnya di antah berantah tak kembali
Bau seresah alam tak lagi menemani
Seakan gugur seiring jatuhya daun dari tangkai pohon
Apa alam mulai membisu?
Aku bocah sersan surgawi
Tak ingin koloni surgawi pergi
Akan aku cari pasukan penjaga bumi
Agar ku dengar lagi nyanyian alam surgawi
Di sini atau antah berantah
Damailah bumi...
Suara tiada dapat berdecak berdesah
Hanya terdengar hempasan angin menjamu
Dan burung-burung kecil bersahutan
Alam-Mu sedang memburuku
Memburu kekaguman atas pesona-Mu
Menawanku dengan bujuk gores keindahan-Mu
Menawar keluku berdesah Subhanallah
Sementara itu semut-semut nakal tengah bersembunyi
Dari musuh-musuh yang yang mengintai mereka
Semut-semut nakal saling membantu
Berbaris mesra membuat koloni pertahanan dalam benteng-benteng semut
Nyayian alam-Mu kembali datang
Kini muncul dari balik surgawi
Ketika matahari mulai menyapa
Menyambung tangan bagaskara yang sergap hangat
Entah apa yang salah dari surga ini
Sebagian gaungnya di antah berantah tak kembali
Bau seresah alam tak lagi menemani
Seakan gugur seiring jatuhya daun dari tangkai pohon
Apa alam mulai membisu?
Aku bocah sersan surgawi
Tak ingin koloni surgawi pergi
Akan aku cari pasukan penjaga bumi
Agar ku dengar lagi nyanyian alam surgawi
Di sini atau antah berantah
Damailah bumi...
14 Juni 2012 pukul 15.09
Miris...
ketika kebudayaan jawa terlantar dalam kesenian jalanan nan jauh dari apresiasi dari pemilik kebudayaan Jawa sendiri. Hanya ada turis2 asing yang masih bersedia mengapresiasi pengamen tari topeng jalanan di Jln.Magelang, Jombor.
Ayo tunjukkan apresiasi kita juga guys!
Sabtu, 09 Juni 2012
CERKAK MINGGU IKI...DAB!
TUUUT...@#*
Mega katon gumebyar abang ing sisih wetan, bagaskara
tansah isin-isin dhelik ing samburine mega kang makempal ana ing langit.
Swaraning manuk gereja tansah nambah endahing rikala iku. Bayu katon gagah
nganggo setelan jas ireng karo pecis bludru gawean Bandung. Praupane uwis kaya
Dude Herlino pemain sinetron saiki, utawa kaya lee min hoo artis saka nagari
gingseng, ananging ya ora sebagus artis asline. Tanggal sewelas januari rong
ewu rolas si Bayu teteg manteb ngijabi Rani Kusumawati anake Pak Tumidjo Dukuh
Desa Bowonan.
Ubarampe kang wujude rame-rame iku uwis tinata ana ing
sajabaning omah. Sound system uga uwis dipasang ing sakiwa tengene panggung
resepsi. Pemuda-pemudine nembe sibuk
nata kursi lan dekorasi panggung.
Sawetara kuwi manten wadone uga nembe dipacak gaya Paes
Ngayogyakarta karo tukang make-up desa
sebelah, mince jenenge. Manten wadone dadi katon ayu kaya widadari.
si Bayu wektu iku lagi
lungguh ana ing kamar make-up sawijining
kang dienggo Rani. Dheweke lungguh karo calon maratuwane sing lanang, Pak
Tumidjo.
“E le, aku melu seneng ya kowe arep dadi
mantuku.”kandhane Pak Tumidjo marang Bayu.
“Inggih Pak, nyuwun pangestunipun.”
“Nanging aja kok siya-siyaake anakku sesuk ya le. Kowe
kudu gelem nyanggupi janjimu karo aku. Yen aku ngerti pisan wae kowe ora
temenan karo anakku Rani, anakku bakal dak gawa mulih, langsung dak kon pegat.
Ngerti kowe le.” Kumise Pak Dalijo katon munggah mudhun kaya melu ngelingake
Bayu.
“Ing..Inggih Pak kula janji.” Saure Bayu sinambi
ndhredheg
Pancen kabar kang sumebar ing Desa rada ora penak, jarene
Pak Dalijo kurang mangestuni anake Rina yen nikah marang Bayu kang mung dodol
bubur kacang ijo ing pasar. Untunga wae ibune Rani wicaksana priyayine, ora
gengsi lan ora nganggep ala pagaweane Bayu, sing penting halal. Apa maneh Bayu
wonge shaleh lan ora neka-neka.
Sametune Calon maratuwane mau Bayu dadi ndhredheg, yen
dibasaake nganggo basane “Afgan” dadi
“Bukan Ndredheg Biyasa”. Dheweke dadi
wedi, wedhake luntur, kringete ndrojos saka tangan lan bathuke. Kaya-kaya
dheweke arep mlayu saka panggonane sing saiki, ananging dheweke uwis kebacut
tresna karo Rani. Bayu banjur jupuk BB-ne sms marang Bebeb Rina idaman atine. Bayu banjur nulis:
“Beb, kowe tenanan sayang ta marang aku,?” Pitakone Bayu
.
“Drrrrrrreeeddddddgg....Dredddgggh” Swara sms mlebu.
Rani banjur mbales, “ iya, aku sayyyang banget marang
Bebeb Bayu. Aku seneng banget bisa nikah karo Bebeb.”
“Alhamdulillah Beb, aku uga trisna banget marang kowe.
Sedhilit maneh bakal dak kecup keningmu tanpa membatalkan wudhlu-mu. Doake
Bebeb ya. ^_^.”
“Iya Beb, dak tunggu keimamanmu di sisa hidupku.”
Piwalese Rani marang Bayu.
Maca ukara keimaman, Bayu dadi drop maneh. Dheweke malah
tan saya wedi yen sesuke ora bisa dadi imam kang becik marang Rani. Anggone
Bayu mikir tansaya jero. Tik tak tik tuk swaraning jam dinding ing sangarepe
Bayu nambah swasana “tegang”. Saking
tegange, wetenge Bayu saiki kaya ditabuh, mules.
“Aduh kepriye iki wetengku kok dadi cenat-cenut?” Batine
Bayu sinambi ngelus-elus wetenge.
Nembe ngelus-elus wetenge, Bayu sanalika kaget wektu
lawang kamar dibukak Pakdhe Surat.
“Yu, ayo penghulune uwis teka kae, lek ndang
siyap-siyap.” Pakdhe Surat kandha marang Bayu sinambi ngawe-awe ngajak metu.
“Anu Pakdhe, kula kok dadi ndhredheg nggih?
“Kena apa kowe le?” Pakdhe Surat semaur sinambi mlaku
nyedhaki Bayu kang lungguh ing sangarepe meja rias.
“Kula ajrih menawi kula mboten saged dadi imam kang becik
De.” Wangsulane Bayu.
“Uwis ndhredheg kuwi biyasa. Pakdhe mbiyen uga ndhredheg nalika
arep ijab marang Budhemu. Ayo, lek ndang metu. Ora penak uwis ditunggu penghulu
lan para tamu. Ayo!” pangajake Pakdhe Surat marang Bayu.
Bayu gelem ora gelem saiki kudu siyap. Dheweke banjur metu saka kamar pacak manten sinambi
neteging atine supaya ora grogi nalika ijab. Anggone Bayu mlaku
digagah-gagahake, ora lali sambi mesem sithik.
Bayu saiki uwis lungguh ana ing sangarepe penghulu,
sandhingan karo manten wedoke. Ayat suci Al- Qur’an uwis diwacaake. Para tamu
uwis khitmad lungguh nyekseni ijabe Bayu. Nanging dumadakan ana sing aneh saka
Bayu. Awake kloget-kloget kaya wong wudunen, lungguhe ora anteng.
“ Aduhh...wetengku...” Batine Bayu sambatan ing
penggalih.
Penghulune banjur takon, “ Pripun Mas, sampun siyap?”
“Si...siyap Pak” Bayu semaur rada gagap
Pak Tumidjo lan Bayu banjur salaman sinambi ngomong
ijab,” sya nikahkan anak saya Rani Kusumawati dengan Bayu Nugroho, dengan mas
kawin seperangkat alat sholat dibayar tunai.”
“Saya terima nikah dan kawinnya Rani Kusumawati binti
Tumidjo dengan mas kawin tersebut dibayar Tuuuuuuuttttt....”
Dumadakan suwasanae dadi geger. Para tamu padha mesem,
juru fotone pada ndomble. Bayu mung bisa ndhingkluk weruh kumise Pak Tumidjo
munggah mudhun.
CERKAK MINGGU IKI...DAB!
ADUH, WIDADARI NDOMBLEH
Rikala
esuk katon ngaluk-aluk, swaraning gendhing mikrolet kuning katon nabuh
gregeting atiku. Aku Danang Sabaryanto, sing jarene dikarepake duweni sabar
kang linuwih, nyatane ora bisa sabar maneh. Arep mangkat lamaran kerja ya ana
wae alangane. Si Jambul ora bisa diajak rembugan babagan urgently kaya
mangkene. Iya pancen motor tuwa, panjaluke dieman dialem kaya manungsa wae.
“
Jan, lah dalah jambul, jambul. Kowe kok ora mesakake aku to?” sulayaku ing
panggalih.
Jan, greget banget aku iki. Suwene anggonku ngenteni bus
tuyul marahi emosi. Tambah mangkel meneh, Sopire kaya arep ngajak senggel,
amarga anggone nyopiri ngepot rene ngepot
rana. Klambiku sing wangi parfum import, mambune dadi kaya mambu simbok-simbok
bakul Pasar Kranggan, apek.
“Ciiiittt.......Glodak Jedug,”mustakaku kang disekolahake
Ibuku jedug kaca jendela bus.
“Ngajak senggel tenan ki yo Pak,” batinku mangkel.
Durung sido metu pocapan pitakonku marang Pak Sopir,
dumadakan ana wong wadon ayu munggah bus lungguh ing sandhingku persis. Duh, rasane
kaya digawa mabur karo widadari, mangkele atiku sanalika dadi mari. Aku banjur
mung bisa mesam-mesem ngampet ndomblene atiku marang pasuryaning widadari kang
dikirim Gusti Allah marang awakku.
Mripatku ora bisa mandheg nyawang wong wadon kuwi. Jan,
rasane ambune kringet pak sopir ing kursi ngarep iku dadi kaya ambu kembang ing
taman kang sumerbak kaya bungahing atiku iki yen nyawang wong ayu ing
sandhingku. Pikiranku saiki dadi miring ora genah. Mbuh kepriye iki atiku kok
dadi dag-dig-dug, apa iki kang diarani “
falling in love in first viewing” ?”
“Duh Gusti,...
ayune kaya Nikita Willy, marahi donya katon luwih endah.” Pamujiku ing
sajeroning atiku.
Anggonku nyawang jebul enthuk respon saka wong wadon ayu
iku, dheweke mesem manis marang awakku. Der, atiku dadi ledeng kena cumloroting
eseman widadari. Pikirku, kadadean kaya ngene ora bisa disiya-siyaake. Aku
nyoba kendel ngajak omong-omongan widadariku iku.
“ Mbak, ajeng
tindak pundi?” Pitakonku nyoba
nyeraki wong wadon ing sandhingku.
“ Mmm, ajeng tindak kuliah Mas.” Semaure alus lan sumeh
marang aku.
“ Lho, kuliah wonten pundi Mbak?”
“
Kuliah wonten UGM Mas.” Kandhane sinambi mesem maneh marang awakku.
“
Jurusan menapa Mbak? “ Pitakonku penasaran.
“
Jurusan kedokteran umum mas. Lha, Mas niki badhe tindak pundi?
“ Kula ajeng wawancara kerja niki Mbak, nanging kok wau
motore macet ing dalan, kula lajeng numpak bus.” Swaraku katon melas, dak gawe
supaya wong wadon iku duwe empati karo aku.
Aku lan wong wadon iku banjur omong-omongan ing
sapiturute dalan kang dilewati bus tuyul kang dak tumpaki. Aku uwis takon
jeneng lan alamat omahe. Jenenge Shinta Fitriani, asale saka Jombang Jawa
Timur. Shinta ing Yogyakarta ngekos ing daerah Jombor. Shinta iku jare anak
mbarep. Bapak Ibune nyambut gawe dadi PNS ing Jombang. Dheweke uwis urip ing
Yogya telung taun.
Anggonku ngobrol marang Shinta tan sya akrab. Aku dadi
lali yen tujuwanku esuk kuwi arep menyang wawancara. Lha kepriye maneh, pikiranku
embuh kenapa isine mung bab Shanti wae. Aku uwis kebacut kepincut marang prawan
Jombang iku. Ayune kang ora udubilah saha pekertine kang alus, anggawa aku ing
endahing trisna.
“ Mmm, Mbak Shinta kok tindak piyambak mboten kaliyan
pacare?” Pitakonku marang Shinta nalika bus tuyul mandheg ing salah sawijining
bangjo.
“Aduh Mas, kula dereng gadhah , samenika kula taksih single .” Semaure sambi isin-isin.
“Wah, nggih cocok menika Mbak.” Aku mulai ngrayu Shinta.
“Cocok menapa nggih mas?”
“Inggih sami single-e
Mbak, hehehehe...” Anggone aku ngrayu sambi isin-isin.
“Halah, Mas panjenengan lak bagus, enom, uga sumeh.
Sinten ta sing mboten purun?” Piwalese Shinta blak-blakan.
“Lha dereng wonten sing purun e, Mbak purun kalih kula
napa?” Rayuan mautku anggodha Shinta.
“Pripun nggih mas....”
Durung rampung ngomong, tangane Shinta nyekel pundakku,
waduh mikrolete sepi maneh. Kepriye ya, dosa ora ya yen aku meneng wae.
“Ppppeetttt...” Aku ora sadar, dumadakan kabeh katon peteng
ndhedhet.
“Aduh...” swaraku keprungu lirih.
Awakku lemes banget kaya lebar ngombe pil koplo.
Sayup-sayup aku krungu swara bapak-bapak nyelukake aku.
“ Mas...Mas...Sadar Mas!” keprungu swara bapak-bapak
nggugah.
Mripatku melek sanajan abot banget nganggo dimelekake.
Aku mung bisa meneng wae nalika weruh kang ing sandingku dudu Shinta maneh. Aku
bingung tas lan dompetku ora ana. Widadari ilang, aku ndombleh.
CERKAK MINGGU IKI...DAB!
“DOORR...!”
Uwis telung taun anggone Jumi
ngenteni Paijo dedemenane ing Solo.
Saben dina Jumi ora bosen-bosen ngirim sms utawa nembok facebooke Mas Paijo.
Isine saben dina padha wae, intine si Jumi kangen marang demenane iku.
Jumi pancen trisna banget marang Paijo,
kaya-kaya urip matine Jumi amung kanggo Kangmase iku. Uwis tau Jumi ngangsi
ambelani nrabas udan bledhek amung nganggo tuku pulsa supaya bisa
telpon-telponan marang Mas Paijo. Mula Bu Wagirah rada kurang sarujuk yen Jumi
bakal rabi karo Paijo ing tembe mburine.
Esuk kuwi si Jumi nembe nyapu ratan
omahe, lirih keprungu suara ringtone HP lagu Campursarine Didi Kempot saka
sajeroning kamar. Ora pikir maneh, Jumi banjur mlayu jranthal kaya dioyak
maling tumuju ing kamare. Rupane bungah banget kaya lebar entuk lotre gedhe.
Lambene komat-kamit maca sms sing mertamu ing Hpne iku. Sawetara iku si Jumi
mesam-mesem ora bisa mandheg, mripate katon sumunar kena Cumloroting sunar kang
asale ora ngerti saka ngendi. Si Jumi kaya lagi kena sawan, ora bisa kedhep lan
lambene ora bisa mingkem.
Ora salah yen Jumi sanalika kaya
dadi wong kena sawan, amargane si Jumi entuk sms saka Mas Paijo isine Jumi
diakon mara ing Yogya supaya bisa diajak
dolan bareng karo Kangmas tersayang.
“Ing Stasiun Balapan, kutha Solo sing dadi
kenangan. Kowe karo aku......nalika.....”
Ringtone
Hpne Jumi muni.
“Halo Mas Paijo!” Swarane Jumi
ngangkat telpon saka Paijo.
“Dek Jumi, uwis maca sms saka
sliraku durung? Pitakone Paijo.
“Uwis Mas. Kok kadingaren sliramu
jaluk aku mara ing Yogya? Biasane disms wae jarang mbales.” Pitakone Jumi manja.
“Mergane wingi Masmu iki lagi sibuk
to ya. Golek dhuwit nganggo wragad rabi karo kowe sesuk.”
“Ah Mas Paijo iki isa wae. Lha
kepriye anggonku mara ing Yogya Mas? Aku ora apal dalane.” Wangsulane Jumi.
“Wis ora usah kuwatir Dek Jum, sesuk
esuk kowe dak pethuk ning omahmu. Kowe sing penting siyap ning omah wae Dek.”
“ Yo Mas, Jum tunggu. Mmmuaachh.”
Swarane Jumi nutup telpon sinambi nempelke salam sayang ing Hpne.
Si Jumi ora sadar yen ketmau Ibune
ngematake Jumi telponan marang Paijo, langsug wae Ibune muntab krungu anak
prawane arep diajak dolan ning Yogya karo Paijo. Bu Wagirah muring-muring arang
Jumi kang wus kaedanan Jaka saka wetan desa Kandangsapi iku. Ananging jenenge
bocah wus kaedanan tresna ya ora kodal marang omongane ibune dhewe. Ing
pikirane Jum amung ana Mas Paijo wae, ora ngrus babagan liyane..
Esuk-esuk rikala srengenge isin-isin
nyembul saka waliking jagad, Paijo uwis tekan ing omahe Jum. Lampu ngarep isih
katon urip, sunare katon cumlorot ing sakebaking suket-suket ing pinggir dalan.
Paijo banjur telpon Jum supaya siyap-siyap menyang Yogya.
“Halo Jum, aku uwis tekan. Kowe
cepeta siyap-siyap ya Dek. Dak tunggu ning ngarep omahmu.” Ujare Paijo marang
widadarine kang wales semaur alus ing telpon.
Saka jaba omah katon wong wadon
manis nganggo klambi bathik coklat mbukak lawang sinambi nenteng tas abang ing
tangan kiwane. Paijo kang wus ngenteni ketmau banjur menyat marani widadarine
iku. Jumi lan Paijo banjur menyang stasiun Jebres numpak sepur prameks tumuju
ing Stasiun Tugu Yogya.
Sawetara iku, Bu Wagirah nembe duka
banget marang anake Jum. Kepriye ora nesu, anak prawan siji-sijine lunga
menyang Yogya karo Paijo Bujang Lapuk wetan desane. Jenenge wong tuwa mesthi
kuwatir yen anake lunga marang wong lanang kang durung dadi muhrime, apa maneh
lungane lunga adoh. Bu Wagirah bingung arep nelpon Jumi ora bisa-bisa, Hpne Jum
kayane sengaja dipateni.
Ing sepur si Jum karo Paijo lungguh
bareng, loro-lorone katon padha sawang sinawang. Jum kang wus kangen banget iku
lungguh lendhetan cerak raja ing atine, Mas Paijo. Donya ing wektu iku katon
kaya duweke wong loro. Swaraning sepur kang keprungu kaya-kaya nggameli swasana
romantis iku. Ramening sepur Prameks rikala iku uwis ora digubris
Jumi karo Paijo, wong loro mau nembe kaedanan tresna.
“Tuluuung....tuluuug...!” Wong
lanang katon kaweden.
Dumadakan saisi gerbong sepur padha
kaget njingkrang. Wong-wong padha ndelokake wong lanang kang njaluk tulung mau.
Wong lanang kang njerit jaluk tulung iku nudingi kardus ing pojokan gerbong.
Kayane ana barang kang mbebayani.
Jumi karo Paijo uga melu tangi saka
swasana romantise. Wong loro iku
padha sawang sinawang kaweden. Kabeh saisi gerbong padha wedi lan was-was.
“Tulung...ana bom!” Swarane wong
lanang mau marahi geger sagerbong.
Krungu pocapane wong lanang mau si
Jumi karo Paijo dadi kocar-kacir atine, gemrobyos pikire. Jumi sanalika dadi
elingan tindak tanduke marang ibune saka wingi. Dheweke nyesel ora ngrungokake
pituture ibune supaya ora mangkat ning Yogya. Pikire yen pancen tenan ana bom,
dheweke mesthi ora bisa slamet. Ora bisa bali lan njaluk pangapura marang
ibune.
Jum banjur njikuk barang saka
sajeroning tase. Sinambi ndredhek, tangane Jum nyoba ngrogoh Hpne. Jum arep
nelpon ibune jaluk pangapura dhisik sadurunge bom kang ning gerbong njebluk.
Ananging Jum pancen nembe ora mujur, Hpne jebul mati entek batereine. Jum
banjur amung bisa nangis pasrah sinambi njerit-njerit ngundang ibune.
Paijo uga tansaya bingung, dheweke
ora bisa polah maneh. Paijo nyesel kena apa dheweke kudu ngajak lunga Jumi dina
iki. Paijo mikir kudune dheweke nampa lamaran anak juragane ing Yogya wae,
mesthi dina iki dheweke ora bakal numpak sepur lan ngalami kahanan kaya ngene
iki. Ananging piye maneh, ati lan pikire uwis cumanthel ing saliraning Jumi
kembang desa Kandangsapi. Paijo dadi rumangsa salah marang Bu Wagirah kang ora
ngrestuni dheweke pacaran marang putrane.
“Ma..mas Paijo piye iki?” Kandhane
Jumi ndhredheg.
“Jum, aku ya bingung. Ngapurani aku
ya Jum, kudune aku ora ngajak kowe melu aku ning Yogya.” Semaure Paijo nyesel.
“Iki ya salahku Mas, ora nggugu
Ibuku.” Swarane Jumi sinambi sesenggukan.
Kahanan ing sajeroning sepur tansaya
ora karuan. Wong-wong padha pating jerit lan mlayu pindhah gerbong. Sanalika,
wong-wong ing gerbong liyane uga melu kaweden. Sawetara iku, wong lanang mau
isih wae njerit ngomong ana bom.
“Ana bom...ana bom...ana bom!
Tuluung!”
Ana petugas sepur kang mara saka
sajejering gerbong kang ditumpaki Paijo lan Jumi. Petugase iku langsung mlaku
alon-alon tumuju kardus kang ditudingi wong lanang mau. Ananging nalika petugas
uwis ing cerak kardus, wong lanang mau malah mlayu mlumpat ing jaba gerbong.
Dumadakan wong-wong padha tambah kaget marang polahe wong lanang mau. Wong
lanang mau ora bisa katulungan, awake wus kebacut ngambung rel sepur.
Kanthi ati-ati, petugas mau mbukak
kardus kang isi bom. Alon anggone petugas sepur mbukak kardus, wong-wong ing
sepur dadi melu ndhredhek.
“Krreeetteeeekkk.....!” Swara kardus
dibukak
Petugas sepur katon kaget weruh
isining kardus. Bathuke mengkerut, mripate mbelolok. Sirahe petugas katon
gedheg-gedheg pratanda ora precaya.
“Piye mas, ana bom tenan?” Salah
sawijining wong takon marang petugas sepur.
Petugas sepur mau malah meneng wae.
Tutuke mecucu saiki.
“Niki...”wangsulane petugas.
Wong ing sajeroning sepur banjur
nyerak ngrubungi kardus mau. Ana apa sejjatine ing sajeroning kardus mau. Kena
apa wong lanang mau ngangsi mlumpat saka sepur. Pikire Jumi karo Paijo tambah
suntrut saiki.
Atine Paijo saiki uwis luwih dhisik
njebluk. Dor dor dor. Awake Paijo lemes ndhredhek. Mripate Jum uwis ora bisa
ngetokake uluh maneh, amarga nangisi pituture ibune.
Jumat, 08 Juni 2012
Langganan:
Postingan (Atom)


